Sewa Mobil karo Sopir ing Yogyakarta - Regone Murah le Nglayani Apik
Halo sedulur lan kanca seko Suriname sing bisa Basa Jawa! 👋 Matur nuwun uwis teko neng website e awak dhewe. Awak dhewe gawe situs iki kanggo bantu sedulur lan kanca saka Suriname sing nggoleki sewa mobil karo sopir ing Jawa/Yogyakarta. Sewa mobil awak dhewe bisa kanggo lelungan ing kutha, transfer ing bandara YIA, utawa tur pirang-pirang dina menyang kutha liyane ing saindenging Jawa.
Sewa Mobil nganggo Sopir ing Yogyakarta lan Jawa
Jogja Private Driver siap nglayani kabutuhan transportasi darat sampeyan. Awak e dhewe nyediakne kendaraan sing resik lan nganggo AC kanggo perjalanan sampeyan sing luwih nyaman. Layanan e awak dhewe ing Yogyakarta lengkap, nyakup kabeh saka metuk sampeyan ing Bandar YIA lan transfer saka hotel menyang bandara ngantur tur setengah dina, tur sedina muput, lan ngeterke menyang njaba kutha.
Perjalanan e sampeyan ing Yogyakarta bakal dikancani karo sopir sing profesional lan bisa nganggo basa Jawa lan setitik basa Londo. Tim e awak dhewe trampil babagan rute kutha, papan wisata, panggenan kerajinan lan oleh-oleh, papan blanja, lan nggon kuliner sing favorit, kalebu nggon sing apik sing jarang dtekani karo turis. Kanthi nyewa sopir ing Yogyakarta, sampeyan wis ora perlu khawatir babagan komunikasi.
Saiki Pesen o Sewa Mobil nganggo Sopir ing Yogyakarta!
Temokake aktivitas sing nyengnake ing Yogyakarta/Jawa kanti gampang lan oleh rekomendasi lokal sing migunani kanggo sampeyan. Lungo neng nggon wisata sing populer sajrone 12 jam tanpo batesan jarak lan bensin, kabeh wis kalebu ing rego paket. Sampeyan bakal e luwih nyaman lan tentem pikirane, orasah mbayar duit neng ngarep, cukup pesen wae karo awak e dhewe lewat WhatsApp lan bayar sopir nek uwis ketemu.
Isih durung yakin karo pengalaman e supir Yogyakarta seko awak e dhewe?
Sampeyan iso ndelok ceritane seko turis utowo sedulur Suriname lan Londo ing TripAdvisor lan Google Maps e awak dhewe. Crita akeh bintang 5 sing jujur lan crito pengalaman e bisa dadi referensi kanggo sampeyan sadurunge pesen layanane awak dhewe.
Sewa Mobil karo Sopir ing Jawa Luwih Ayem
Aku arep ngenalke awake dhewe, jengneku Bayu Anggoro, naning uwong-uwong nyeluk aku mung Bayu. Aku lair lan gedhe ing Yogyakarta, saiki aku manggon ing Bantul, salah sawijining wilayah neng ndeso sing dumunung ing sisih kidul Yogyakarta. Aku sabendina kerjo dari supir wisata, nggawa turis-turis sing pingin mlaku-mlaku nonton kahanan e Yogyakarta karo Jawa.
Aku wis kerja dari sopir wiwit taun 2017. Aku seneng ketemu karo wong anyar, nduduhke crita lan pengalaman, lan ngenalake kabeh wing menyang Yogyakarta. Budayane awak dhewe mungkin beda karo Eropa, Amerika, Australia, utawa wilayah Asia liyane, naning iku sing ndadekake aku bangga lan kepingin nuduhake karo sampeyan konco lan sedulur Jawa-Suriname neng kene.
Aku ora koyo sopir liyane sing bakal ngajaki sampeyan menyang restoran utowo toko khusus. Aku pingin ngenalake sampeyan karo budayane awak dhewe ing Yogyakarta, koyo to coro urip neng kene lan opo wae sing pingin sampeyan ngerteni. Ngendi wae sampeyan pingin luna, aku bakal seneng nggawa sampeyan menyang kana. Sampeyan ora perlu kuwatir babagan apa wae, ing kene, sampeyan bakal ngrasakke nek Jawa iku koyo neng omahe dhewe.
Saben sampeyan butuh sopir kanggo mubeng-mubeng neng Yogyakarta utowo ing Jawa, ojo ragu-ragu ngubungi aku nganggo cara telpon aku utowo ngirimke pesen neng email. Mengko awake dhewe iso ngewangi sampeyan ngrembug rencana lelungan sampeyan karo aku. Aku ora dhewe, aku duwe tim sing bakal ngewangi lan menehi rekomendasi sing paling apik kanggo masthekake kabeh lancar.
Penawaran sing Paling Apik
Ngeterke seko Bandara Yogyakarta (YIA)
Layanan sewa mobil karo sopir utowo kanggo metuk lan ngeterke saka Bandara Internasional Yogyakarta (YIA) menyang macem-macem tujuan wisata sing disenengi karo turis. Ora perlu repot meneh ngenyang rego taksi, awake dhewe bakal nunggu sampeyan ing ngarep gerbang bandara. Sampeyan bisa lungguhan, santai, lan ndelok kahanan kiwo-tengen wektu mlaku menyang nggon liyane.
| SAKA | MENYANG | REGANE (IDR) |
| Bandara YIA | Tengah Kutha Yogyakarta | 400,000 |
| Bandara YIA | Malioboro | 400,000 |
| Bandara YIA | Prawirotaman | 400,000 |
| Bandara YIA | Bangunjiwo | 400,000 |
| Bandara YIA | Sewon | 400,000 |
| Bandara YIA | Kaliurang | 500,000 |
| Bandara YIA | Prambanan | 550,000 |
| Bandara YIA | Wonosari | 700,000 |
| Bandara YIA | Borobudur | 500,000 |
Sewa Mobil Dinggo Ngeterke lan Methuk Seko Yogyakarta
Layanan ngeterke lan methuk penumpang nganggo mobil pribadi menyang wilayah liyane neng Jawa kathi gampang. Sampeyan iso dipethuk ing saindenging wilayah Yogyakarta, kalebu Sleman, Bantul, Kulon Progo, lan Gunungkidul/Wonosari.
| SAKA | MENYANG | REGANE (IDR) |
| Yogyakarta | Pangandaran/Batu Karas | 1,500,000 |
| Yogyakarta | Bandung | 3,500,000 |
| Yogyakarta | Bogor | 4,000,000 |
| Yogyakarta | Jakarta | 3,500,000 |
| Yogyakarta | Tegal | 1,500,000 |
| Yogyakarta | Wonosobo/Dieng | 1,000,000 |
| Yogyakarta | Semarang | 1,200,000 |
| Yogyakarta | Jepara | 1,700,000 |
| Yogyakarta | Pacitan | 1,000,000 |
| Yogyakarta | Surabaya | 2,500,000 |
| Yogyakarta | Bromo/Cemoro Lawang | 3,500,000 |
| Yogyakarta | Malang | 3,000,000 |
| Yogyakarta | Tumpak Sewu | 3,200,000 |
Kalebu ing rego: Mobil sing uwis nganggo AC apik (Avanza/Xenia FWD), supir, bbm (bensin), tol, lan banyu botolan kanggo ngombe.
Cathetan: Mobil bisa nggawa nganti 4 penumpang karo cukup nggo wadah barang-barangmu, kanggo luwih saka 4 penumpang, sampeyan iso rembugan karo aku, aku bakal nyiapke mobil sik luwih gedhe. Kanggo lelungan menyang kutha liya ing Jawa Tengah, Jawa Kulon, Jakarta, lan Jawa Timur, sing durung kasebut ing ndhuwur, sampeyan iso langsung takon karo aku.

“Sugeng Rawuh ing Ngayogyokarto”, sambutan Jawa sing tulus lan anget, iku salam sing biasane dinggo awake dhewe nek pas methuk wisatawan ing bandara utawa stasiun sepur ing Yogyakarta. Salam kasebut iku nuduhake kepiye anggone awake dhewe nampani para tamu sing teko neng Yogja, saben liayanan sing diwenehake nganggo carane wong Jawa lang keramahane wong Yogja.
Jogja Private Driver nduweni tujuan kanggo menehi sesuatu sing bedo seko liyane. Prioritas utama seko awak dhewe yaiku layanan sing luwih apik lan ramah karo sapa wae, lan nggawe pengalaman lelungan sing apik lan ora bakal dilalekake. Awake dhewe ora mung fokus nyedhiyakake mobil sing nyaman, nanging ana sing luwih penting, nawakake layanan supir pribadi ing Yogyakarta sing ditondoi kanthi perawatan sing apik banget.
Sewa mobil nganggo supir neng Jawa lan paket wisata Jawa minangka dadi layanan sing utama seko awake dhewe. Sampeyan bakal dikancani seko awal tekan akhir perjalanan dening supir sing profesional, pengalaman, lan bisa nganggo basa Jawa lan sitik basa Londo. Awak dhewe nawakake macem-macem paket tur, kalebih wisata pribadi, wisata bareng-bareng karo konco, wisata klasik, wisata khusus, lan rencana perjalanan fleksibel sing iso disesuaiake karo panjaluk khusus sampeyan.
Minangka layanan sopir wisata sing dipercaya ing Yogyakarta, aku lan timku darmabakti kanggo nglayani para wisatawan kanthi seneng, menehi informasi sing penting lan rekomendasi babagan papan paling apik sing kudu ditekani sajroning sampeyan mrene ing Jawa. Nyewa mobil nganggo sopir ing Jawa minangka cara paling apik kanggo njelajah lan nikmati kabeh sing ana neng Yogja, apa sampeyan lelungan dhewe, karo pasangan, karo keluarga, utawa karo kanca-kancane sampeyan.
Nyewa mobil karo sopir neng Jawa menehi sampeyan kebebasan kanggo milih tujuan sampeyan dhewe, saka ngunjungi candi-candi, wisata alam, papan wisata kuliner, nggon tetuku, lan pasar tradisional nganti nggon ndeso sing iso ndelok sawah lan pertanian sing arang dikunjungi turis. Sopir ing Yogyakarta bakal mbantu ngatur rute lan rencana perjalanan kanggo masthekake perjalanane sampeyan lancar. Kanthi cara iki, sampeyan bakal duwe wektu sing cukup kanggo nikmati saben tujuan tanpa krasa kesusu.
Langsung wae ngandhani aku kapan sampeyan bakal tekan ing Yogja, aku bakal metuk sampeyan lan nggawa sampeyan menyang ngendi wae sing dikarepake, miturut rencana perjalanan sampeyan. Aku lan timku bakal dari sopir lan pemandu wisata sing apik nggo sampeyan sajroning kunjungane sampeyan ing Yogyakarta utawa Jawa.
Sewa Mobil lan Tur karo Guide ing Yogyakarta
Ana akeh tempat-tempat apik neng Yogja lan Jawa sing bisa sampeyan tekani. Yen sampeyan durung duwe rencana lelungan, nyewa mobil nganggo sopir ing Jawa utawa pesen paket wisata pribadi ing Yogyakarta bisa dadi solusi sing paling apik. Layanan iki ora mung nyakup wilayah Yogyakarta naning uga kabeh Jawa.
Iki sawetara layanan sing awake dhewe nduweni, sing bisa di atur karo kebutuhan sampeyan:

Wisata neng Yogja Setengah Dina
Yen sampeyan mung nduwe wektu sakitik ing Yogyakarta, utawa yen sampeyan mung pingin seneng-seneng karo siji ketiagan ing wayah esuk, sore, utawa wengi, nyewa mobil setengah dino ing Yogja bisa dadi pilihan sing kepenak. Jogja Private Driver nawakake layanan 6 jam, cukup kanggo macem-macem kegiatan, kayata ndeleng srengenge munggah ing Borobudur utawa srengenge surup ing Prambanan, ngunjungi Gua Jomblang, Keraton, Tamansari, blanja oleh-oleh, melu kelas mbatik utawa kerajinan perak, mlebu neng mall, utawa mung mlaku-mlaku ing sekitar kene Yogyakarta.

Sewa Mobil nggo Wisata Sedina Muput
Layanan sewa mobil sedina muput menehi sampeyan wektu 12 jam kanggo ngunjungi Yogyakarta lan sekitare. Wisata biasane diwiwiti ing wayah esuk sawise sarapan, sekitar jam 7:00 utawa 8 esuk. Layanan iki cocok kanggo sedulur kabeh sing pingin ngunjungi pirang-pirang lokasi sajroning sedino, kayata Borobudur, Merapi, Prambanan, Gua Jomblang, Timang, alas Pinus, lan liya-liyane. Sampeyan bebas nggawe rencana perjalanan dhewe utawa njaluk rekomendasi saka aku.

Sewa Mobil nggo Wisata Pirang-pirang Dina
Paket sewa mobil karo sopir pirang-pirang dino ing Yogyakarta cocok kanggo turis lan sedulur sing nginep ing kutha iki nganti pirang-pirang dina. Para wisatawan bisa milih rencana perjalanan sing suwene 2 dina/1 wengi, 3 dina/2 wengi, 4 dina/3 wengi, utawa luwih suwe. Kanthi nyewa mobil pribadi, wisatawan bisa nggabungake kunjungan menyang macem-macem tujuan wisata populer ing Yogyakarta lan wilayah sekitar kayata Semarang, Dieng, Solo (Surakarta), lan Pacitan. Pandhuan perjalanane awake dhewe njamin wektu liburan sampeyan digunakake kanthi efisien.

Tur Njelajahi Jawa karo Sopir Jawa
Aku nawakke luwih saka mung transportasi lokal ing wilayah Yogyakarta, perusahaanku iki uga nyedhiyakake layanan wisata lan rental mobil pribadi, sing uwis karo sopir, kanggo lelungan njelajahi Jawa. Nganggo rental mobil iki, sampeyan bisa lunga neng endi wae tanpa kuatir. Wisata darat iki cocok kanggo para wisatawan sing pengin njelajah kaendahan Jawa kanthi luwih jero, kalebu tujuan wisata kayata Kawah Putih, Tangkuban Perahu, Pangandaran, Dataran Tinggi Dieng, candi Borobudur lan Prambanan, Gunung Bromo, Tumpak Sewu, lan Banyuwangi.
Sewa Mobil karo Supir ing Yogyakarta
Sewa mobil karo supir neng Jawa orang kudu larang. Nyewa mobil pribadi nganggo supir ing Yogyakarta seko aku nawakke tarif sing kompetitif lan luwih murah. Kajaba iku, yen sampeyan uwis nduweni rencana perjalanan dhewe, aku bisa mbantu ngetung biaya opo wae sing dibutuhke kanggo masthekake sampeyan entuk rega sing adil lan masuk akal.
Sampeyan iso lungo nengndi wae neng Yogyakarta lan sekitar e, apa sampeyan pingin mangkat esuk-esuk kanggo ndeleng srengenge munggah, utawa njelajah kaendahan kutha ing wayah esuk, awan, sore, utawa bengi, kabeh iso tak ewangi le ngatur kanthi gampang.
Ing ngisor iki rincian rega kanggo layanan rental mobil karo sopir pribadi ing Yogyakarta lan Jawa:

Mobil kanggo Pasangan/Kulawarga/Rombongan Cilik (Paling Murah) 🚗
Rega sewa mobil karo sopir kanggo lelungan ing wilayah Yogyakarta, Bantul, Sleman, Bantul, Kulon Progo utawa Gunungkidul yaiku Rp 700.000 iku wektune 12 jam.
Rega iki kalebih mobil MPV model anyar (Avanza utawa Xenia FWD 2023-2026) uwis eneng AC, bensin, supir, bayar parkir, lan wedang putih.
Senajan diarani mobil kelas ekonomi, nanging mobil iki bisa nampung 2-3 penumpang karo bagasi sak cukupe.
Kanggo metuk utawa ngeterke neng Bandara YIA, rego sewane yaiku Rp 400.000 (dinggo sak jalan).

Mobil Sing Luwih Nyaman 🚙
Kanggo lelungan sing luwih nyaman, aku nawakke Innova Reborn. Mobil iki iso nampung 4-5 penumpang kanthi nyaman bebarengan karo barang sing digawa.
Rega sewa mobil Innova Reborn ing Yogja diwiwiti saka Rp 900.000 sajrone 12 jam, rega iku uwis termasuk mobil, supir, bensin, biaya parkir, lan wedang putih.
Nek misale kon metuk saka Bandara YIA menyang hotel ing kutha Yogja, regane Rp 550.000.
Mobil iki uga cocok kanggo lelungan njelajahi Jawa, kayata lelungan marang Gunung Bromo, Malang, Sewu, Ijen, utawa Pelabuhan Ketapang, lan liyane.

Mobil kanggo Rombongan Gedhe 🚐
Nyewa mobil Hiace (mobil sing rodo gedhe) ndadekake wisata ing sekitar Yogyakarta karo rombongan luwih ngirit biayane.
Minibus Hiace iki cocok kanggo rombongan wisata sing pingin ngunjungi Borobudur lan Prambanan, melu tur kutha, utawa lelungan neng Pulau Jawa.
Rega sewa minibus Hiace (sing bisa dinggo 10-12 uwong) yaiko Rp 1.500.000 saben dina, uwis termasuk supir, bensin, parkir, lan wedang putih.
Nek sampeyan nduwe pitakon babagan sewa mobil karo sopir neng Yogyakarta utawa Jawa, langsung wae orasah kesuwen ngubungi aku. Aku iso ngekei sampeyan rekomendasi sing apik nyakup papan wisata, hotel, nggon mangan, blanja, lan liyane. Aku karo timku siap nglayani sampeyan. Ora usah bingung yen butuh mobil karo sopir neng Jakarta, Bogor, Bandung, Pangandaran, Dieng, Semarang, Jepara, Borobudur, Prambanan, Surakarta (Solo), Pacitan, Surabaya, Malang, Bromo, lan Banyuwangi. Langsung wae karo aku!





